Pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi Muhammad saw, Singkat, Padat, dan Jelas

Reporter : Widya Resti Oktaviana
Selasa, 11 Oktober 2022 13:36
Pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi Muhammad saw, Singkat, Padat, dan Jelas
Pidato ini berisi tentang akhlak Nabi Muhammad saw semasa hidup yang bisa menjadi teladan bagi umat Islam.

Dream – Menyampaikan pidato Maulid Nabi Muhammad saw hendaknya dipersiapkan terlebih dahulu dengan sebaik mungkin. Baik itu naskah pidato yang berisi topik apa yang akan disampaikan hingga melakukan latihan dalam menyampaikan pidato.

Hal ini karena Maulid Nabi Muhammad saw hanya diperingati setiap satu tahun sekali. Sehingga dalam pelaksanaannya harus dilakukan dengan semaksimal mungkin. Nah, bagi masyarakat Jawa sendiri, menyampaikan pidato berbahasa Jawa sudah menjadi hal yang umum. Biasanya bahasa Jawa yang digunakan pun bahasa Jawa halus atau krama.

Untuk menghindari adanya kesalahan saat berpidato di hadapan audiens, maka naskah pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi harus dipersiapkan jauh-jauh hari. Sehingga sahabat Dream pun bisa menghafal dan melakukan latihan terlebih dahulu.

Berikut adalah beberapa pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi yang bisa menjadi inspirasimu sebagaimana dirangkum Dream melalui berbagai sumber.

1 dari 2 halaman

Pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi Pertama

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan.

Saderengipun mangga kula tuwin panjenengan sami sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Dene kula tuwin panjenengan sami taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, kasugengan, karaharja, saengga taksih saged makempal wonten ing papan mriki.

Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul Awal taun (...) utawi tanggal (...) wulan (...) taun (...) Masehi, kula tuwin panjengan sami saged makempal wonten ing Masjid (...) mriki, ingkang saperlu mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing Masjid (...) mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa angrawuhi pengetan wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing panggenan mriki.

Minangka pratandha sampun manteb tuwin raos nglegena dhumateng agami islam minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing alam donya dumugi akhirat. Wondene inti saking pengetan punika badhe dipunwedaraken dening Bapak (...) saking (....).

Kula kinten atur pambuka pengetan dinten Maulid Nabi ing dalu punika kula cakapi semanten kemawon. Salajengipun mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kula wiwiti kanthi waosan basmalah sesarengan. “ Bismillahirrohmannirrahim.”

Cekap semanten atur kula, Akhirul kalam wabillahittaufiq walhidayah.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

 

2 dari 2 halaman

Pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi Kedua

Assalamualaikum wr. wb.

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat.

Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno.

Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin.

Tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

Ingkang artosipu

Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung.”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam.

Pancene menawi dipun ma’nani, “ maen” niku ma’nane “ maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “ judi”, ma’nane “ sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “ kertu” “ duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “ remi” ma’nane “ njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe.

Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. رواه أحمد

Ingkang Artosipun:

Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti.”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia.

Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

Ingkang Artosipun

Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo."

Poro rawuh ingkang minulyo!

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

Beri Komentar